B. Daerah

Pertanyaan

golekno 5 tuladha paribasan lan bebasan sarta tegese

1 Jawaban

  • Paribasan

    Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan. Tuladhane :  

    1. Aji godhong garing, tegese Wis ra ono ajine babar pisan.
    2. Ancik-ancik ana ing pucuking eri, tegese Wong sing tansah kuwatir/sumelang.
    3. Nyolong pethek, tegese Ora cocok karo pangirane wong akeh (Semisal kethok kere jebul sugih).
    4. Ana catur mungkur, tegese Ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik.
    5. Cecak nguntal cagak, tegese Gegayuhan kang ora imbang kekuwatane

    Bebasan

    Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, lan ngemu surasa pepindhan. Tuladhane :  

    1. Asu rebutan balung, tegese rebutan barang kang sepele.
    2. Idu didilat maneh, tegese Murungake janji sing wis diucapake.
    3. Entek jarake, tegese wis entek kasugihane
    4. Lanang kemangi, tegese wong lanang kang jirih.
    5. Kebo kabotan sungu, tegese rekasa merga kakehan anak.

               

               Semoga jawaban kakak dapat membantu, apabila masih terdapat pertanyaan yang lain, jangan ragu ajukan pertanyaanmu di Brainly ya.

    Detail Tambahan

    Kelas             : -

    Pelajaran       : Bahasa Daerah

    Kategori         : Bahasa Jawa

    Kata Kunci     : Bebasan, Paribasan, Conto, Tuladha, Lan tegese

    Kode              : -

Pertanyaan Lainnya