cerita perjuangan m.yamin dalam bahasa jawa
B. Daerah
ahlanafilaahla2341
Pertanyaan
cerita perjuangan m.yamin dalam bahasa jawa
1 Jawaban
-
1. Jawaban buina1
Mohammad Yamin miwiti sekolah ing Hollands Indlandsche School (HIS), sekolah guru, Sekolah Menengah Pertanian Bogor , Sekolah Dhokter Kéwan Bogor, ngantos sekolah kehakiman (Reeht Hogeschool) Jakarta. [2] Panjenenganipun kalebet salah satunggalipun ahli hukum lan penyair misuwur angkatan pujangga ènggal. [2] Taufik Abdullah ngantos nganggep manawi Muhammad Yamin minangka sajarawan Indonésia paling ageng ing abad sapunika. [2]
Mohammad Yamin ugi aktif ing jagad pulitik . Panjenenganipun dipundadosaken pandheganipun
Jong Sumatera Bond ing taun 1926 - 1928 . [2] Nalika taun 1931 , panjenenganipun mlebet parté Indonésia. [2] Sasampunipun parté punika dipunbibaraken, panjenenganipun lajeng damel Partai Gerakan Rakyat Indonesia sesarengan kaliyan Adam Malik , Wilopo , lan Amir Syarifuddin . [2] panjenenganipun lajeng dipundadosaken minangka anggota Volksraad lan damel golongan nasional Indonésia. [2] Mohammad Yamin kalebet anggota
BPUPKI lan anggota Panitia 9 ingkang kasil ngrumusaken Piagam Jakarta lan dados lelandhesan kawujudipun UUD 1945 lan Pancasila . [2] Panjenenganipun tresna sanget kaliyan manunggalipun bangsa Indonésia. [2] Profesor Mohammad Yamin naté dados anggota KNIP . [2] Sasanèsipun punika, panjenenganipun ugi naté dipunparingi amanah minangka mentri , ing antawisipun inggih punika Menteri Pendidikan dan Kebudayaan , Mentri Panerangan , lan sapiturutipun. [2]